Minggu, 28 Juni 2015

kenalke , akuu..

hallo stalker!! Mana suaranyaaaaaaaaaaaaaaa .uaaaaaaaaa *opoloh*

piye? wes kenal aku durung ? kenal durung hayoo..mosok wis wani stalker rung kenal aku keterlaluan banget koe koe! parah koe, koe parah :D wkk
Iki tulisanku sik kepisan neng blog iki rencanane aku ameh kenalan disik, soale jarene kae nek ra kenal mulo rasayang. #eakk
Oke, aku ameh kenalan tapi nggo boso jowo wae yoo rapopo kan,? sik neng luar jowo raiso boso jowo sorry yo gaes silahkan golek pentranslate translater ckck .
Piye? sido pengen reti jenengku ora ? Jeneng dowo, jeneng karapan, opo jeneng inisial aku iyo ndue lhoo..ben kekinian wkk .. 
Jenengku bermacam-macam jenis kog ora gur siji tok ,ning sik tertera neng akta kelahiranku iki rungokne Niken . Wes kui wae. Jeneng dowone rasah ameh nggo opo yoan :D yoraa hoho
oke bariki aku meh crito serius dilit tulung rungokne woco tenanan yo ..
Melankolis & Plegmatis. aku nduweni sifat loro kui. sik nyebabke aku gampang stress, gampang mikir abot, trus aku jarang crito ro konco-koncoku nek eneng masalah, boso kekiniane curhat/sharing. Aku ki wonge raiso nek dikon curhat ngono ki makane aku gampang stress . Nah makane kui aku gawe blog iki mergane aku pengen curhat pengen crito-crito berbagi tentang perjalanan uripku neng kene. Ngono critane . kui alesanku gawe blog iki. Critane semacam tak nggo diary lah . Tekan semene paham? 

yoowis bab perkenalan e tekan semene sik wae , enteni critocrito ku selanjute. wes jam 23:13 aku ngantuk pengen ngeluk geger :D jaahaha